Kesenian

Contoh Geguritan Bahasa Jawa dengan Beragam Tema

Contoh Geguritan dalam Bahasa Jawa
Written by Gaby

Contoh Geguritan Bahasa Jawa – Geguritan di daerah Jawa berkembang dari tembang, sehingga dikenal beberapa bentuk tembang yang berbeda-beda. Pada awalnya, tembang berwujud nyanyian dan memiliki sajak tertentu itu dibuat oleh para penyair untuk dipersembahkan kepada pemimpin yang berkuasa.

Inilah yang menyebabkan karya sastra Jawa klasik berbentuk puisi tersebut bersifat anonim. Pada umumnya, penyair yang membuat tembang tidak ingin menonjolkan dirinya dan karyanya dianggap milik bersama.

Pengertian geguritan di Jawa kemudian berkembang dan memiliki sinonim puisi bebas, yaitu puisi yang tidak mengikatkan diri kepada aturan metrum, sajak, dan lagu.

Berikut akan dipaparkan contoh geguritan bahasa Jawa dengan tema kehidupan atau lingkungan sekitar, yang diambil dari buku Antologi Geguritan Kidung Karangkitri terbitan Dinas Kebudayaan daerah Istimewa Yogyakarta tahun 2020.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa

Berikut ini adalah beberapa contoh geguritan bahasa Jawa yang dapat kamu baca terkait tema kehidupan maupun lingkungan sekitar, simak informasi berikut.

Candhi Prambanan (Nurlistiyati)

Candhi Prambanan

Panggah jejeg ing bumi Mataram

Sansaya endah lan merak ati

Kawentar sinawang rina klawan wengi

Candi Prambanan

Nut simbah ujare

Sela kang gagah pideksa mau

Minangka seksi

Bandhung Bandawasa lan Roro Jonggrang

Sih tresna kinalang satru

Hamung palastra sulaya kang mungkasi lelakone

Genti madeg candhi kang sulistya

Dongeng mung tekan ujare simbah

Sejatine kabeh mung crita karangan

Minangka rerenggan nggo ngenthengi sanggan

Dadi dongeng kanggo paesing sela

Candhi Prambanan

Sineksen wektu

Dadi jujugan para manca

Gumun anyekseni sulistyane

Mugiya lestari ing salamiya

Sega Gudheg Sepincuk (Tri Wahyuni)

Bocah cilik iku mung manthuk

Aweh sasmita, tanpa swara

Apa dheweke wanuh?

Yen ing tanah klairane iki duwe tembang macapat

Kang mbabar sakehing tuntunan

Bocah cilik iku anteng sangarep buku parikan

Sinambi ngaba marang biyunge

Yen wetenge kluruk njaluk diisi

Sega gudheg pinincuk kertas kanthi tulisan

“Urip iku kaya dene gudheg, ndhuk, maneka rasa dadi siji. Pralambang yen urip iki ora mung sawarna. Wedange uga mirasa. Kari milih endi kang pengen tokcecepi. Kabeh mau gumantung awakmu. Makmur lan sengsaraning urip, ginaris ing epek-epekmu. Nanging kabeh mau, bisa mbok pulasi menganggo jangkah nggayuh sakehing pepadhang ing lakumu tekane tembe”

Oseng-Oseng Mercon (Triwik Darmayanti)

Pedhes…. tambane raga kang lagi gumreges

Nyos… nyulaki gom mecah mak plonyos

Hoh hah… slenget garba mlintir gurah

Ah wuh… riwe ambrol meriang dadi ewuh

Lombok kethok ngusadani gurung ngethok

Kenyil kikil sandhung lamur kaslamur sega mawur

Bawang brambang anjamoni sakit kronis

Blimbing tomat seger salira karumat

Salam laos andudut mrentul sihing raos

Sereh dhong jeruk samadya aja kemaruk

Sarem kecap lerema jaganen pangucap

Serat Beringharja (Purwadmadi)

Banarawa binarung alas Beringan gung

Pacethokan merdusun siniti rata sedyanipun

Binale angun angun memangun

Sitihinggil srantun mucuki lenggah sinuwun

Mangku wengkon bumine Hyang Manon

 

Bering, rawa reja

Kurug siti bantala rata bawera

Kandhang lodhang pepulung sandhang pangan

Patrap tuna satak bathi sanak

Laku jiwa ngayogya luru leluri larasing kartya

Titi tata tentreming praja raharjane kawula

 

Beringharja

Mustika tandha

Linambaran siti toya

Jejeg adeging Sri Narendra

Mangku mengku kumawala

Memayu hayuning bawana

 

Beringharja

Peken pancawara

Pasar gedhe nagari gung binathara

Paningset jumbuhing Gusti-Kawula

Ngrenggo ngayogya koncar kuncara

Carita Kutha Ngayogyakarta (Eko Wahyu Nugroho)

Kababar sawijining carita

Carita Kutha Ngayogyakarta

Ngayogyakarta Hadiningrat kang kaloka

Kaloka endah sugih budaya

Grapyak sumanak wargane

Alus luhur bebudene

Prasaja tumindake

Gandhes luwes lan pantes agemane

Kabeh sarwa ginambar wela-wela

Gawe bungah para tamu wisata

Nalika ngancik Ngayogyakarta

Papan ayem tentrem karta raharja

Pinggir Progo ing Wayah Sore (Margaret Kusalamani)

Wayah sore ing gisike Kali Progo

Prawan sumengit lungguh amarikelu

“Ngger, putuku bocah ayu, rahayu satekamu”

Priyagung sepuh iket wulung mbagekake

Si prawan kaget, sumungkem nuli pitakon

“Panjenengan punika sinten, Eyang?”

Priyagung mau mung mesem banjur lungguh ing sandhinge

“Eyang, wonten pundi patilasanipun Eyang Wanabaya?”

“Ana apa Ngger, kowe nggoleki?”

“Kula mundhi dhawuhipun ibu swargi”

Si prawan banjur pitakon maneh

“Punapa leres Eyang Wanabaya mbalela dhumateng Mataram?”

 

Banjur ing mripate kang liyep lindri cumithak gegambaran

Mangir bedhah, saperangan trah Wanabaya

Oncat, sumingkir saka bumi kinasih

Ora marga wedi taker ludira, nanging ana petung seje

Kelebu leluhure, nggawa bayi abang durung genep selapan dina

Kedharang-dharang munggah gunung mudhun jurang, nyabrang kali

Bayi iku trah Wanabaya kudu slamet

 

Lan dheweke, trah saka bayi abang mau

Teka ing bumi Mangir ngluru leluhure

 

Priyagung mau kanthi asih ngelus sirahe si prawan

Mesem pait banjur pitutur,

“Ngger, manebna pikirmu, sumendhe mring Gusti

Binareng lakuning urip, kowe bakal mangerteni

Apa bedane mbangun bumi kang wis menehi panguripan

Karo mbalela lan pengin nguwasani darbeking liyan”

 

Sawise pitutur priyagung mau plas ilang

Si prawan kaget, usek-ucek mripat lan jelih-jelih

“Eyang… Eyang… Pnjenengan wonten pundi?”

……….

“Apa aku mau mung ngimpi”, pangudharasane

Tedhak Sinten (Kartika)

Lemah kang kokpidak sajak ora tindak-tindak

Setya tuhu kokidak-idak

Ora nate sambat kepara semanak

Nanging tangan sikil galak

Sajak kurang grapyak

Bisane amung ngrusak

 

Lemah, …..

Mbokmenawa ana kang salah

Anggone padha polah

Ngupadi tukon uyah

Kamangka

Wejange simbah tan bakal owah

Marang sanak kadang putu wayah

Supaya tetep manembah

Gusti Kang Maha Mirah

 

Tedhak siten

Ing ngendi kowe saiki?

Menawa turu, tangia aja wedi

Akeh kadang ora ngerti

Dalan tumuju bali

Kaya kang kajanji

Sadurunge mudhun ing siti

 

Wernane jadah kang diidak

Sajak durung mapan kepenak

Ana ati kang jenak

Nggegem paugerane kanthi kebak

Dalan wis ambyar kasampyuk gumerlape wedhak

Kang ambune wangi nyegrak

 

Siti, …..

Muga-muga tetep legawa ati

Dadya punjering rejeki

Marang kang sregep ngupadi

Ngebekti mring Gusti

Hamemayu hayuning bawana

Katetepi pinangka janji

Baladha Mbokdhe Setra (Nita Nuryanti)

Mbokdhe Setra bakul tela Pasar Soga

esuk ndumuk krengkat-krengket ngonthel pit tuwa

bronjong kiwa tengen isi tela sambung nyawa

nyuwak pedhut ngipatke adheme hawa

sadawane laku ndalidir cakepan tembang pinangka rowang

dhemit ora ndulit setan ora doyan

Mbokdhe Setra tan wedi nadyan dhewekan

 

Tekan pasar dagangan ditata sinambi ura-ura

Tembang Pangkur othak-athike kalane nganggur

Mbakyu-mbakyu tumbas napa

niki tela empuk enak tuwin legi

pulen nyamleng yen den ulu

legender amirasa

tela kaspa, tela pendhem, tela ungu

komplit pepak sarwa ana

mangga-mangga samya mriki

 

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra

sampeyan kok neka-neka

ura-ura dadi sarana

rejeki mara anyaketi

kang liwat padha mampir

kang krungu melu payu

tela rong bronjong entek entong

 

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra

nembanga maneh tak vidio ya

bocah gondrong nyekeli hape

Mbokdhe Setra direkam sasolah bawane

hebat Mbokdhe Setra!

top markotop Mbokdhe Setra!

Mbokdhe Setra kondhang sapasar Soga

 

Grimis riwis-riwis

Mbokdhe Setra mepet tritis

ngonceki tela kulakan ka desa

muji sukur mring Kang Kuwasa

wis pinaringan dalan boga

 

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra

mobil kemlenyer teka

nom-noman gagah pideksa

nuduhake vidio kang jare viral

Mbokdhe Setra dijak rekaman

Mlebu tipi, ura-ura, antuk bebana

Mbokdhe Setra kaloka lan numpuk bandha

 

Mbokdhe Setra bakul tela pasar Soga

kudune seneng gumyak gumbira

geneye mbrebes mili keranta-ranta

anak putu ana ngendi

budaya Jawa ayo dirungkepi

Kadang Bakul Pasar Bantul (Dalle Dalminto)

Bagaskara ing brang wetan durung methungul

Ngatonake praupan lan sunare njedhul

Bun esuk isih pating grandul

Ing pucuking godhong lan grumbul

 

Para kadang bakul cancut sengkut

Mecaki dalan miyak kandele pedhut

Gumregah ngangkah jangkah

Gumbregut nekuk dengkul lan sikut

 

Hawa adem nyocoki kulit ari

Kadya lincip dan landhepe eri

Ora bakal gawe gigrige ati

Semangat kadhung anjenggirat

Tinalenan niat

Beburu berkat sing sumebar ing jagad

 

Ing Pasar Bantul

Para kadang bakul ngebaki wakul

Jumangkah nyadhong berkah

Kanthi ati pasrah sumarah

Mantra Pengasihan (Suwarsidi)

Sun wateg mantra pengasihan

Sih asih asah asuh

Sing asih bakal antuk sembulih

Sing asah tansah antuk landheping galih

Sing asuh bakal kaleksanan sakehing penggayuh

 

Iki mantra pengasihan

daktamakake mring sasama ing saindhenging donya

dimen raharja tebih saking sadaya balak pikolehing tumindaksing

tindake dur bakal lebur

sing tindake utama bakal oleh begja

sing prawira bakal dhuwur pangkatnya

 

Mantra iki mantra pengasihan wisiking Pangeran

Pangeranku, Pangeranmu, sesembahan kawula sawektu-wektu

Pengasihan kebak rasa sih tresna-tinresnanan

Sih sih sih asih,

Tentrem, trem trem mrih ati rasa ayem

Suh, suh, suh…..

tumindak aja gawe rusuh

tindak rusuh gawe susah sawayah-wayah

 

hemmm…

kuwat slamet, najan katone mung gremat-gremet

nanging nganggo petung sarwa memet

met-met-met slamet

kanthi mripat merem dhipet

nora nyawang ngiwa, nyawang nengen, nyawang munggah tuwin mudhun

pandulu mung tumuju maju

 

maju-maju-maju-ju-ju-ju

sih-sih-sih

sing asih oleh sembulih

sing welas mantas saking rasa was-was

sing tresna atine tansah rena

 

hemmm…

tampanana mantra pengasihan

mugi Pangeran paring kasembadan

Murni (Albertus Sartono)

ora paedah memacak satria

lamun galihe asura

apaana guna pepaes pandhita

lamun sejatine durjana

 

endi gunane esem guyu

lamun kabeh mau mung palsu

ukara lan tembung-tembung manis

ilang tegese lamun tenane mung lamis

 

gedhe rumangsa ndaku wong prawira

tanpa pakra lamun sabenere culika

pepacak nyenyandhang setrikan lunyu

nyingidake awak sing tumindak saru

wedhakan kandel katon lucu

mung kanggo nutupi kadhas lan panu

 

api-api engkak-engkok laku becik

mung merga nggendhong melik

api-api ribut ribet ubeg rowang

tundhane mung arep mbebidhung

 

wasis micara teteh ngethuprus

jebul isine mung nggedebus

lamun ati nurani tanpa murni

mawohe duraka, pageblug, utawa pepati

sliramu milih sing endi

Jathilan (Agus Suprihono)

Cemethi cumether ing kuping

Nlusup-nlusup saraf kasadharan

Ngliwati lad-ladan rumpil

Ing sirah nyawiji ing rah

 

Swara bendhe mengungkung

Ngundang sakabehing bebungah

Nundhung sakehing dredah

Ingsun lilani sira angslup ing raga

Kareben padha surak mawuran

Lan panjeriting prawan-prawan

 

Iki raga paringane Allah

Dakpepetri murih aja duwe laku salah

Iki sukma aja nganti sumisih ngalah

Ing jaman kang padha ngajab supaya kalah

Sinta Obong (Agus Suprihono)

Dakdilat pucuking agni

Dakgendhong takdiring pepesthi

Tan winates telenging ati

Lir gumanti kumlebating pepati

 

Dhuh Dewa pangwasaning langit lan bumi

Muga kaseksenana iki kasetyaning ati

Kang ora kendhat tansah mbanyu mili

Dakuji kanthi ngrungkebi kobaraning geni

 

Dhuh gurulaki kang daktresnani nganti trusing ati

Nadyan katresnanmu durung sakuku irenge Rahwana

Kang ora mredhuli najan wis ora suci

Geneya kowe tidha-tidha marang sempalaning nyawa

Kang kudu daklakoni sawise uwal saka Rahwana

Mbuktekake kasucianku marang panasing geni?

Basa Tanpa Ukara (Dwi Winarno)

Tan perlu ukara ngambra

Kanggo lare kang nerak subasita

Tumindak kurang trep, luput keladuk saru

Sangarep tamu, sesepuh utawa pangarsa praja

 

Ulat lan sorot netra kanggo ngelikake

Tanpa lingsem kanggone lare

Krasa lan banjur rumangsa

Metani luputingsun,

Banjur kudu kepiye

Kanthi tlaten paring wewarah uga tuladha

Iki pinangka gambaran nyata

Adab budaya adiluhung kang kudu kajaga

Kemis Pahing (Christina Sri Purwanti)

Gedhe-cilik, enom-tuwa

Saking dhusun dalasan kitha

Waradin ing tlatah Ngayogyakarta

Mring kantor lan pawiyatan sadaya

Kakung miwah putri kapatah sami

Tan miwang dinuta nguri-uri

Sinartan raos handarbeni

Sesarengan angadi busana Jawi

Warisan leluhur kang adiluhung

Pri putri angagem nyamping mbayak rikma ginelung

Bebed surjan iket blangkon kakungipun

Mrih tan supe wosing busanananipun

 

Kemis Pahing pinilih samya

Ginayut hadegnya Kraton Ngayogyakarta

Swasana bombong tumekaning nala

Sinawang resep lan sampurna

Nyamping lan bebed bathik gagrag Ngayogyakarta

Mbayak ugi surjan sumangga kersa

Pinareng angagem maneka warna

Abang, ijo, kuning, polos, corak kasumangga

Kewes gandhes luwes sing wanita

Pambeg gagah lan pideksa kang jalu

Sangsaya kaya rese ping pandulu

Layang Kanggo Emak (Mulyati)

Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi

tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki

wiwit saka jaman Kartini

kenceng ancas ing nguni:

sluman-slumun yasa dadi ramu

lembah manah tansah dadi sangu

“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman

aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman

aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyoré jaman iki

aja getun jroning panemu kang becik

aja kagèt kabèh iku mung pethingan

aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”

Mak, senajan aku wong dhusun

wiwit cilik tansah nelangsa lan getun

pakaryanku mung tandur karo matun

nanging ora kendhat anggonku dikon kèri

sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani

Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni

sing kudu kasinau, bab bakuné kadewasan dhiri

dadia wong kang piguna

rawé-rawé pait getirira dèn rantasi

ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur

sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi

Mak, sembah sujud tambahing pangèstu

aku amung saderma

ora nékad mring kang ala

kabèh iku merga ati rinasa prungsang

laras pénak lamun suci

kanggo pathokan gesang

tata tentrem lair kalawan batin

Nglembah Manah (Suyati)

Ngger, lamun kowe micara nganggowa tata

Tatane tembung kang rinakit duwe makna

Miliha tembung kang becik dirungokake

Singkirana tembung kasar lan saru

Kareben adoh saka panacad uga panyendhu

Kang nuwuhake rasa ora kepenak ing ati

Utawa gawe kuping rinasa grisi

Winedhar ing ukara kaucap ing suwara

Ucapna kanthi lembut lan alon

Aja nggetak aja keseron

Sinartan patrap kang prayoga

Netepi werdining subasita

Datan nyingkur saka tatakrama

Ngger, sanajan mung saklimah tembung

Upayanen murih ora gawe bingung

Sakecap tembung kang kawedhar

Bisa gawe greged tansaya makantar

Bisa aweh panglipur kang nandhang branta

Bisa dadi pamuji urip raharja

Nah, itulah pemaparan singkat mengenai Contoh Geguritan Bahasa Jawa. Grameds dapat mengunjungi koleksi buku Gramedia di www.gramedia.com untuk memperoleh referensi tentang karya-karya sastra selain contoh geguritan bahasa Jawa.

Berikut ini rekomendasi buku Gramedia yang bisa Grameds baca untuk mempelajari tentang aliran kepercayaan di Jawa agar bisa memahaminya secara penuh. Selamat membaca.

Temukan hal menarik lainnya di www.gramedia.com. Gramedia sebagai #SahabatTanpaBatas akan selalu menampilkan artikel menarik dan rekomendasi buku-buku terbaik untuk para Grameds.

BACA JUGA:

About the author

Gaby

Hai, saya Gabriel. Saya mengenal dunia tulis menulis sejak kecil, dan saya tahu tidak akan pernah lepas dari itu. Sebuah kebanggaan tersendiri bagi saya untuk bisa turut memberikan informasi melalui tulisan saya. Saya juga sangat menulis dengan tema kesenian. Dengan seni, hidup akan jadi lebih berwarna.

Kontak media sosial Instagram saya Gabriela