Bahasa Jawa Sastra

Pengertian, Jenis, dan Contoh Geguritan Jawa

Pengertian, Jenis, dan Contoh Geguritan Jawa
Written by Rahma Fiska

Perkembangan zaman tentunya tidak akan berjalan tanpa iringan perubahan peradaban manusia. Terkadang, beberapa karya sastra turut memberikan potret keadaan sebuah zaman. Sastra merupakan sebuah karya yang ditulis atau dibuat oleh seseorang. Salah satu karya sastra tersebut adalah geguritan.

Geguritan merupakan karya sastra Jawa yang berbentuk puisi. Mengutip buku Geguritan Tradisional dalam Sastra Jawa yang disusun oleh Dhanu Priyo Prabowo, dkk (2020), mulanya geguritan mempunyai kaidah tertentu yang mengatur bentuknya secara ketat. Dalam perkembangannya, geguritan mengalami transformasi menjadi puisi bebas yang tidak terikat terikat aturan-aturan khusus.

Menurut Poerwadarminta (1939), geguritan berasal dari kata gurit yang memiliki arti “kidung” atau “tembang”, sedangkan guritan bermakna “tembang yang berwujud purwakanthi“. Geguritan sendiri adalah istilah yang digunakan untuk menyebut puisi Jawa modern yang bebas dari aturan-aturan seperti dalam tembang macapat atau kidung. Geguritan dalam kamus Baoesastra, berasal dari kata gurit yang berarti “tulisan” atau “kidung”. Geguritan juga berarti “tembang (uran-uran) mung awujud purwakanthi” (Baoesastra Jawa, 1939).

Subalidinata (1981) berpendapat bahwa guritan merupakan nama yang diberikan kepada semua bentuk puisi Jawa moder. Pengertian mengenai guritan atau puisi Jawa modern adalah karya sastra puisi yang menggunakan media bahasa Jawa modern.

masyarakat dan kesusastraan di jawa - geguritan

Pengertian Geguritan

Mengutip buku berjudul Gaya Bahasa Perulangan dalam Antologi Geguritan ”Garising Pepesthen” yang ditulis oleh Nofita Handayani (2012), Subalidinata menyatakan bahwa “Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar” (Geguritan adalah susunan bahasa seperti syair, sehingga ada yang mengatakannya sebagai syair Jawa cara baru).

Adapun Hadiwijaya menguraikan geguritan, sebagai berikut:

Geguritan yaiku golongane sastra edi (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipating tembang macapat lan sapanunggalane“.

(Geguritan merupakan suatu golongan sastra yang indah (puisi) cengkok baru (Jawa baru) yang mengungkapkan perasaan melalui bahasa yang selaras dengan keindahan rasa, tetapi tidak perlu berpedoman kepada aturan guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tertentu, sangat berbeda dengan sifat tembang macapat dan lain sebagainya).

Selanjutnya, Budi Anwari dalam buku berjudul Baboning Pepak Basa Jawa menyatakan sebagai berikut:

Geguritan yaiku wohing susastra Jawa kang dikarang kanthi rasa kaéndahan. Geguritan asalé saka tembung “gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèren, amarga ora kaiket ing aturan kaya déné tembang.

Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan minangka karya kang sipaté pribadi, mula panganggit geguritan siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajeroning pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan liya-liyané.

Geguritan iku duwèni aji-aji utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. Marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara-ukara geguritan iku supaya maksudé bisa kecandhak. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung, lan uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan énak kawaca.

  • Cekak, yaiku ora wujud ukara sing nggladrah.
  • Menthes, yaiku tembungé duwé makna kang jero.
  • Éndah, yaiku ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa.
  • Tembungane pilihan.

Minurut wujudé, kasusastran iku jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan, lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan iku awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).

(Geguritan adalah salah satu jenis karangan sastra Jawa yang disusun dengan rasa keindahan. Geguritan berasal dari kata gurit, yang berarti kidung atau tulisan. Geguritan itu termasuk puisi Jawa modern, karena tidak terikat oleh aturan seperti halnya tembang).

(Geguritan bisa diciptakan karena ada ilham atau inspirasi (angan-angan). Geguritan termasuk karya yang bersifat pribadi, inilah yang menyebabkan penulis geguritan satu dengan yang lainnya berbeda-beda. Angan-angan yang ada di dalam pikiran pengaran lantas diolah supaya menjadi geguritan yang diharapkan penciptanya. Dengan demikian, geguritan itu bahasanya indah, bisa menggunakan purwakanthi, dwipurwa, sisipan, dan lain-lainnya).

(Geguritan itu memiliki kekuatan atau amanat yang bisa dipetik dengan diparafrasekan terlebih dahulu. Memparafrasekan geguritan itu berarti menganalisis atau menguraikan kalimat-kalimat geguritan itu supaya maksudnya dapat dipahami. Geguritan itu terwujud dari tema, pemilihan kalimat, dan juga memakai sarana retorika dan majas. Sarana retorika dan majas berfungsi untuk membuat geguritan itu indah dan enak dibaca).

  • Pendek, yaitu tidak berwujud kalimat yang jelempah.
  • Berisi, yaitu kalimatnya memiliki makna yang dalam.
  • Indah, yaitu menyimpan purwakanthi suara, sastra, atau bahasa.
  • Kalimatnya pilihan.

(Menurut wujudnya, kesusastraanitu jenisnya ada tiga, yaitu prosa (karangan bebas), geguritan, dan drama (sandiwara). Adapun yang membedakan ketiganya yaitu wujudnya. Kesusastraan prosa atau karangan bebas berwujud paragraf, kesusastraan geguritan itu berwujud bait, dan kesusastraan drama atau sandiwara berwujud dialog (percakapan).

antropologi sastra jawa - geguritan

Jenis-Jenis Geguritan

Ada dua jenis geguritan, yaitu geguritan gagrag lawas dan geguritan gagrag anyar. Geguritan gagrag lawas masih terikat aturan baku seperti guru lagu, guru gatra, dan guru wilangan. Bahasa yang digunakan adalah bahasa Jawa kuno atau basa Kawi. Geguritan gagrag lawas ini berbentuk kakawin, kidung, atau syair-syair tembang macapat.

Kebalikannya, geguritan gagrag anyar tidak terikat aturan-aturan baku. Geguritan gagrag anyar memiliki struktur dan penggunaan bahasa yang lebih bebas, bahkan terkadang ditemui bahasa asing seperti bahasa Indonesia dan bahasa Inggris.

Contoh Geguritan

Berikut contoh geguritan dalam bahasa Jawa dengan tema kehidupan atau lingkungan sekitar, yang diambil dari buku Antologi Geguritan Kidung Karangkitri terbitan Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta tahun 2020.

1. Palaran Tegalrejo (Indra Tranggono)

Nalika ngambah jobin pendhapa Tegalreja
Mripatku weruh jubah putih kumlebet kebak wibawa
Sang Pangeran jumeneng tanpa kedheping netra
Sereng, mencereng gawe getering nala

Bangsa penjajah wus salin rupa
Sang Pangeran tansah siyaga
Ngupaya tetep ngregem ajining dhiri
Tan lena ditlikung raseksa nggegirisi

Gamelan ing pendhapa talu
Ngregem piyandeling Sang Pangeran
Tembang palaran keprungu
Ngiring brantayuda netepi sedya

Sang Pangeran nyekar
Kumandhang kanthi swara gandhang
Netra tansah sumunar
Adeg-adeg dhiri dadi cagaking tumandang
“Perang ora mung rebutan bandha donya
Nanging uga sirah lan atining bangsa
Bokor emas kebak kidung kaslametan
Kudu dijaga saka amuking asu ajak manca negara”

Sang Pangeran ora wedi pralaya
Ora gigrig dipegat nikmat bandha donya
Tansah nyawiji, greget sengguh ora mingkuh
Nundhung angkara murka kang wengkis lan angkuh

Tembang palaran tansah kumandhang
Njebol wuwungan pendhapa, nyebar pepadhang
Langit geter!
Rasa wedi lan mindher dadi lumer

(Ngayogyakarta, Februari 2020)

2. Layang Kanggo Emak (Mulyati)

Mak, sliramu anyeksèni kridhaning aji kabudayan manungsa Jawi
tansah uga cinathet sesuluh hamemayu hayune nagara iki
wiwit saka jaman Kartini
kenceng ancas ing nguni:
sluman-slumun yasa dadi ramu
lembah manah tansah dadi sangu

“Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman
aja gumunan, aja getunan, aja kagètan, aja aleman
aja pisan-pisan gumun angadhepi mompyoré jaman iki
aja getun jroning panemu kang becik
aja kagèt kabèh iku mung pethingan
aja aleman ginayuh nyandhak sesawangan kekarepan”

Mak, senajan aku wong dhusun
wiwit cilik tansah nelangsa lan getun
pakaryanku mung tandur karo matun
nanging ora kendhat anggonku dikon kèri
sabab akèh sawan manis sing tansah mbebayani

Mak, najan pangkat luwih cilik, urip butuh diajèni
sing kudu kasinau, bab bakuné kadewasan dhiri
dadia wong kang piguna
rawé-rawé pait getirira dèn rantasi
ngadeg jejeg ora pijer miyar-miyur
sarwa ndedonga kabèh kagungane Ingkang Maha Widhi

Mak, sembah sujud tambahing pangèstu
aku amung saderma
ora nékad mring kang ala
kabèh iku merga ati rinasa prungsang
laras pénak lamun suci
kanggo pathokan gesang
tata tentrem lair kalawan batin

(Bantul, Maret 2019)

3. Carita Wayang (Eko Wahyu Nugroho)

Sapa kandha wayang kuwi kuna?
Yen durung ngerti lakuning crita
Wiwit jejer tekaning paripurna
Dudu amung rikala gara-gara
Rentep-rentep piwulang kagambarna
Tindak-tanduk uga tata krama
Kang bisa tansah ngrembaka

Saka isining carita kang kababar
Kababar pitutur suci tumrap dhiri
Dhiri kang tansah nguri-uri
Nguri-uri kabudayan Jawa suci
Miguna mring nagari

(Ngayogyakarta, Februari 2020)

4. Ngejaman (Purwadmadi)

Jam
gumingsiré kala
dhedhongkèl mangsa lumuh cidra
sengkala tidha ngresepi dina

Jam
panjiret lena
wanciné lingsir sakèhing langsir
pasang brahala rakit walat cintraka
gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala

Ngejaman seksi jaman
Yogya kang gumléwang ngetus ampas panandhang
kangslupan watak sabrang
awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata
nitik laku lampah cidra

(Ngayogyakarta, Februari 2020)

5. Wewayangan (Supriyadi)

Panguripanmu wus ginurit
Ing gelare kelir jagad gumelar
Surya pinangka blenconge
Bumi pinangka deboge
Lelakonmu dadi gancare carita
Kang sinanggit Kang Murba Kawasa
Binabar ing pangucap lan polah tingkah
Tangis lan guyu gegen hingane
Banjur kapan babare lelakon
Sawangen polahe kayon
Jejeg miring mirong ngetan mangulon
Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun
Ginarebeg pra widadara widadari
Mungkasi lakon sawengi iki

(Dlingo, 13 Februari 2020)

6. Baladha Mbokdhe Setra (Nita Nuryanti)

Mbokdhe Setra bakul tela Pasar Soga
esuk ndumuk krengkat-krengket ngonthel pit tuwa
bronjong kiwa tengen isi tela sambung nyawa
nyuwak pedhut ngipatke adheme hawa
sadawane laku ndalidir cakepan tembang pinangka rowang
dhemit ora ndulit setan ora doyan
Mbokdhe Setra tan wedi nadyan dhewekan

Tekan pasar dagangan ditata sinambi ura-ura
Tembang Pangkur othak-athike kalane nganggur
Mbakyu-mbakyu tumbas napa
niki tela empuk enak tuwin legi
pulen nyamleng yen den ulu
legender amirasa
tela kaspa, tela pendhem, tela ungu
komplit pepak sarwa ana
mangga-mangga samya mriki

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra
sampeyan kok neka-neka
ura-ura dadi sarana
rejeki mara anyaketi
kang liwat padha mampir
kang krungu melu payu
tela rong bronjong entek entong

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra
nembanga maneh tak vidio ya
bocah gondrong nyekeli hape
Mbokdhe Setra direkam sasolah bawane
hebat Mbokdhe Setra!
top markotop Mbokdhe Setra!
Mbokdhe Setra kondhang sapasar Soga

Grimis riwis-riwis
Mbokdhe Setra mepet tritis
ngonceki tela kulakan ka desa
muji sukur mring Kang Kuwasa
wis pinaringan dalan boga

Mbokdhe…., Mbokdhe Setra
mobil kemlenyer teka
nom-noman gagah pideksa
nuduhake vidio kang jare viral
Mbokdhe Setra dijak rekaman
Mlebu tipi, ura-ura, antuk bebana
Mbokdhe Setra kaloka lan numpuk bandha

Mbokdhe Setra bakul tela pasar Soga
kudune seneng gumyak gumbira
geneye mbrebes mili keranta-ranta
anak putu ana ngendi
budaya Jawa ayo dirungkepi

(Puri Handayani, 14 Februari 2020)

7. Kadang Bakul Pasar Bantul (Dalle Dalminto)

Bagaskara ing brang wetan durung methungul
Ngatonake praupan lan sunare njedhul
Bun esuk isih pating grandul
Ing pucuking godhong lan grumbul

Para kadang bakul cancut sengkut
Mecaki dalan miyak kandele pedhut
Gumregah ngangkah jangkah
Gumbregut nekuk dengkul lan sikut

Hawa adem nyocoki kulit ari
Kadya lincip dan landhepe eri
Ora bakal gawe gigrige ati
Semangat kadhung anjenggirat
Tinalenan niat
Beburu berkat sing sumebar ing jagad

Ing Pasar Bantul
Para kadang bakul ngebaki wakul
Jumangkah nyadhong berkah
Kanthi ati pasrah sumarah

(Bantul, 2020)

8. Mantra Pengasihan (Suwarsidi)

Sun wateg mantra pengasihan
Sih asih asah asuh
Sing asih bakal antuk sembulih
Sing asah tansah antuk landheping galih
Sing asuh bakal kaleksanan sakehing penggayuh

Iki mantra pengasihan
daktamakake mring sasama ing saindhenging donya
dimen raharja tebih saking sadaya balak pikolehing tumindaksing
tindake dur bakal lebur
sing tindake utama bakal oleh begja
sing prawira bakal dhuwur pangkatnya

Mantra iki mantra pengasihan wisiking Pangeran
Pangeranku, Pangeranmu, sesembahan kawula sawektu-wektu
Pengasihan kebak rasa sih tresna-tinresnanan
Sih sih sih asih,
Tentrem, trem trem mrih ati rasa ayem
Suh, suh, suh…
tumindak aja gawe rusuh
tindak rusuh gawe susah sawayah-wayah

hemmm…
kuwat slamet, najan katone mung gremat-gremet
nanging nganggo petung sarwa memet
met-met-met slamet
kanthi mripat merem dhipet
nora nyawang ngiwa, nyawang nengen, nyawang munggah tuwin mudhun
pandulu mung tumuju maju

maju-maju-maju-ju-ju-ju
sih-sih-sih
sing asih oleh sembulih
sing welas mantas saking rasa was-was
sing tresna atine tansah rena

hemmm…
tampanana mantra pengasihan
mugi Pangeran paring kasembadan

(Omah Geguritan Kowen, 14 Februari 2020)

9. Murni (Albertus Sartono)

ora paedah memacak satria
lamun galihe asura
apaana guna pepaes pandhita
lamun sejatine durjana

endi gunane esem guyu
lamun kabeh mau mung palsu
ukara lan tembung-tembung manis
ilang tegese lamun tenane mung lamis

gedhe rumangsa ndaku wong prawira
tanpa pakra lamun sabenere culika
pepacak nyenyandhang setrikan lunyu
nyingidake awak sing tumindak saru
wedhakan kandel katon lucu
mung kanggo nutupi kadhas lan panu

api-api engkak-engkok laku becik
mung merga nggendhong melik
api-api ribut ribet ubeg rowang
tundhane mung arep mbebidhung

wasis micara teteh ngethuprus
jebul isine mung nggedebus
lamun ati nurani tanpa murni
mawohe duraka, pageblug, utawa pepati
sliramu milih sing endi

(Bantul, 2020)

10. Basa Tanpa Ukara (Dwi Winarno)

Tan perlu ukara ngambra
Kanggo lare kang nerak subasita
Tumindak kurang trep, luput keladuk saru
Sangarep tamu, sesepuh utawa pangarsa praja

Ulat lan sorot netra kanggo ngelikake
Tanpa lingsem kanggone lare
Krasa lan banjur rumangsa
Metani luputingsun,
Banjur kudu kepiye
Kanthi tlaten paring wewarah uga tuladha
Iki pinangka gambaran nyata
Adab budaya adiluhung kang kudu kajaga

(Dhisil, 1 Februari 2020)

Nah, itulah penjelasan singkat mengenai pengertian, jenis, dan contoh geguritan Jawa. Grameds dapat mengunjungi koleksi buku Gramedia di www.gramedia.com untuk memperoleh referensi tentang karya-karya sastra selain geguritan. Berikut ini rekomendasi buku Gramedia yang bisa Grameds baca untuk mempelajari tentang aliran kepercayaan di Jawa agar bisa memahaminya secara penuh. Selamat membaca.

agama jawa - geguritan

Temukan hal menarik lainnya di www.gramedia.com. Gramedia sebagai #SahabatTanpaBatas akan selalu menampilkan artikel menarik dan rekomendasi buku-buku terbaik untuk para Grameds.

BACA JUGA:

About the author

Rahma Fiska

Saya fiska sangat senang dengan dunia menulis. Saya juga sudah menghasilkan beberapa tulisan, salah satunya pada website gramedia.com. Saya senang menulis tentang sastra